Sabtu, 20 Juni 2009

Kartinem Suka Bo’ong

Cerita Kocak

Bikin Ngakak

Kartinem Suka Bo’ong

Hee, wong Wanasaba kabeh!!! Nyong duwe cerita kiye… Apik banget!! Critane, ana wong loro sing nasibe padha, kapusan karo salah sijine wong wedon. Jenenge Andrew karo Marvell. Maer si?? Lha nek sing ngapusi jenenge Kartinem, ceweke ayu pisan!! Mlenis maning!

Nang salah sijine malem Minggu, bocah lanang loro mau macak necis pisan…!! Lenga wangi utawane parfum apa bae wis dijajal kabeh nganti lenga jlantah bae dinggo. Si Marvell takon karo si Andrew..

Marvell : “Heh, Men! Deke jan-jane arep nangdi si? Necis temen?!”

Andrew : “Lha ngapa maning nek ora gapan ngapel!! Ngapeli cewek anyar!!!”

Marvell : “Apa ana pa sing gelem karo deke? Mbokan rupane deke sing paling mending siki thok!”

Andrew : “Oalah, deke Vell! Ora ngerti nek nyong nduwe gebetan anyar, ayu pisan!!”

Marvell : “Hah??! Temenan apa kepriwe?”

Andrew : “Ya temenanlah… Ora ngandel, mayo!! Peringi nang Alun-Alun!!!”

Marvell : “He, cah elek! Ora nganti dikon deke, kiye wong nggantheng Marvell juga arep can-canan alias temon karo cewek anyar.”

Andrew : “Nah, beneran! Bareng mayo!!”

Akhire cah loro mau padha mangkat meng Alun-Alun, nemoni cewek mau sing padha didomongna. Nha, jebule cewek kuwi mau agi pacaran karo yange.. Mesraaaaaa…….. eram!! Terus bocah loro kuwe kaget banget..

Andrew : “Waduh coy, lha kae..kae cewek sing nyong omong wis agi gandhengan karo cowok.. Cowoke nggantheng maning!!”

Marvell : “Hah???!! Ya mbokan kuwe si Kartinem sing wingi kenalan karo nyong langsung ajek kencan saiki.”

Marvell & Andrew : “Haaaaahhhhh?????!!! Dedi dhewek kapusan karo wong siji! Semaput bareng wae lah!!!!”

(Bruuukkkk!!!!, loro-lorone sida semaput bareng)

Ceritane kaya ngono kuwe.. Melas kuli mbok!!! Ngemben gampang maning tak wenehi cerita lucu liyane..!

Created by : - Rulikasih

- Wening S.

1 komentar: