Sabtu, 20 Juni 2009

Acong Merubah Mimpi


Halo halo!! Prige kabare? Eh, nyepaki dina dianakake Ujian Nasional (UN), dhewek duwe crita maning. Waca terus ya!

“Gubrak!!”, Acong tiba sekang dipan turune. Acong tes bae ngimpi nek dheweke ora lulus. Langsung bae dheweke luru biyunge. Nah, kebeneran biyunge Acong agi nang kali alias umbah-umbah… Kayangapa terusane???????? Deleng bae!!!!!

Acong : “Yung, Biyung!!! Rika nangdi, Yung?”

(karo pucet banget)

Biyung : “Ana apa, Cong? Ana apa? Lha ka pucet temen?”

Acong : “Anu, Yung……. Anu………….”

Biyung : “Anu apa? Anune ngapa? Njaluk tak kumbahi sisan pa? Ngganggu biyunge bae…!!!!”

Acong : “Ora kaya kuwe, Yung…!!! Ke, nyong bar ngimpi nek ora lulus UAN!!! Anu, nyong wedi Yung… Wedi yakin!!”

Biyung : “Wedi ngapa? Paling ngimpi, semang wedi! Sing jenenge ngimpi kuwi kembange wong turu, jare wong tuwa..”

Acong : “Yung, nyong ngerti.. Tapi nyong jan kuatir banget mbokan dadi temenan…. Masalahe bijine nyong biasane elek terus!”

Biyung : “Ke, thol.. thol…. Dheke ora usah “pesingis” kaya kuwe. Domongi paling ngimpi be!!”

Acong : “Pesimis, Yung.. Hudu ‘pesingis’, ndilalah wong kuna! Wong kuna! Pesimis be ndarani ‘pesingis’!”

Biyung : “Dheke ya goblok maning, bijine be elek-elek terus! Siki ngono bae, ben ngimpine dheke ora dadi temenan, mulai siki dheke kudu sregep sinau.. Njur, karo wong liya ke sing apikan apa maning karo biyunge sing njebrolna dheke..”

Acong : “Njur apa maning, Yung?”

Biyung : “Ngapa maning nek ora ndonga, njaluk tulungan karo sing paring urip.”

Acong : “Ya, Yung! Ning nyong ya njaluk pendongane, ben bijine tunggale maer.. Ok, Yung!”

Biyung : “Ya, ok ok bae.. Tak dongakna!”

Acong : “Nha ngono, Biyung apikan dech karo Acong! Do’a ibu menjadi kenyataan! Hahaha…. Acong sida lulus…!!”

Biyung : “Ya wis, kae… Kumbahan sing ngethampruk limang ember kae siki dikumbah kabeh! Biyung tak shopping ndheset nang RITA.”

Acong : “Aduh aduh aduh 100x… Jan… jan prige kiye? Durahane ben lulus malah kon ngumbahi akeh kaya kiye…. Matex aku!!!”

Ya kaya kuwi bae critane, muga-muga nasibe pelajar Wanasaba bisa lulus kabeh.. Amiin,…..

Created By : Rulikasih (SMA 1 Mojotengah)

Wening S. (SMP 1 Wonosobo)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar